/
TEKS LISAN NJALUK KAWIGATEN TEKS LISAN NJALUK KAWIGATEN

TEKS LISAN NJALUK KAWIGATEN - PowerPoint Presentation

contera
contera . @contera
Follow
346 views
Uploaded On 2020-08-29

TEKS LISAN NJALUK KAWIGATEN - PPT Presentation

Tuladha 1 Sugeng siyang kancakanca Kepareng a aku njaluk kawigatene sedhela khususe kanggo pengurus OSIS ing Kelas 8C mengko sabubare pelajaran watara jam 1330 kasuwun kumpul ana ing ruang ketrampilan saperlu ngrembug kegiyatan kanggo mahargya HUT kaping 72 RI Mangkono wara ID: 810541

nyuwun kula wara marang kula nyuwun marang wara ing pak ibu lan bapak njaluk guru kanggo nuwun kelas sing

Share:

Link:

Embed:

Download Presentation from below link

Download The PPT/PDF document "TEKS LISAN NJALUK KAWIGATEN" is the property of its rightful owner. Permission is granted to download and print the materials on this web site for personal, non-commercial use only, and to display it on your personal computer provided you do not modify the materials and that you retain all copyright notices contained in the materials. By downloading content from our website, you accept the terms of this agreement.


Presentation Transcript

Slide1

TEKS LISAN

NJALUK KAWIGATEN

Slide2

Tuladha 1

Sugeng

siyang

kanca-kanca

.

Kepareng

a aku njaluk kawigatene sedhela, khususe kanggo pengurus OSIS ing Kelas 8C, mengko sabubare pelajaran, watara jam 13.30 kasuwun kumpul ana ing ruang ketrampilan saperlu ngrembug kegiyatan kanggo mahargya HUT kaping 72 RI. Mangkono wara-wara saka pengurus OSIS, awit kawigatene aku ngaturake panuwun”

.

Slide3

Tuladha 2

Assalamualaikum Wr.Wb.

Nyuwun kawigatosanipun dhumateng warga masyarakat RT 07 Padhukuhan Gumawang, bilih kangge mahargya HUT kaping 72 RI, kasuwun rawuhipun tindak gotong royong reresik lingkungan, pasang umbul-umbul lan gendhera tuwin ngecet pager, lan gapura. Makaten wara-wara saking pengurus RT, awit kawigatosanipun warga masyarakat RT.07 Padhukuhan Gumawang kula ngaturaken agunging panuwun.

Wassalamu’alaikum Wr.Wb

Slide4

Latihan

Gawea teks lisan njaluk kawigaten :

W

ara-wara mangkat TPA

Wara-wara tirakatan malem 17 Agustus

Wara-wara nganggo sragam Pramuka lengkap ing tanggal 14 Agustus

Wara-wara mbayar iuran qurban tahun 1439H

Sliramu

arep

mbiwarakake

lomba

pengetan

dina

kamardikan

RI

marang

siswa

kelas

8b.

Kepriye

anggonmu

njaluk

kawigaten

marang

bocah-bocah

sing

padha

rame

?

Sliramu

arep

mbiwarakake

lomba

ing

pengetan

dina

kamardikan

RI.

Kepriye

anggonmu

nyuwun

kawigaten

marang

ibu-ibu

PKK

kang

asik

ngendikan

?

Bel

nedahaken

wulangan

jam

kapisan

,

nanging

Pak

Agus

dereng

mlebet

kelas

.

Ketua

kelas

8a

lajeng

madosi

Pak

Agus

ing

ruang

guru.

Ing

ruang

guru

wonten

Pak

Hardi

.

Kadospundi

aturipun

ketua

kelas

8a

dhateng

pak

Hardi

?

Slide5

mangayubagya

Tujuan

;

aweh

panjurung

utawa

panyengkuyung

(

motivasi

, spirit

)

supaya

tansaya

mempeng

anggone

sinau

,

gladhen

lan

kupiya

apa

wae

kanggo

nggayuh

pepinginane

.

duwe

rasa

preduli

marang

liyan

(

peduli

/

simpati

/

empati

)

Slide6

Ukara

kanggo

aweh

pangalembana

upamane

:

Wah

,

tulisanmu

pancen

rapi

,

cathetanmu

ya

komplit

,

Kowe

pancen

sregep

tenan

!

Sandhanganmu

rapi

banget

dina

iki

!

Hebat tenan, bijimu 100!

Nah, ya ngono kuwi sing tak karepke!

Siip tenan, pokoke Ok!

Wis

aja

sumelang

,

mesthi kowe bisa!

Slide7

gladhen

Sliramu

aweh

pangalembana

marang

adhimu

wadon

kang

nganggo

klambi

mbayak

ing

pengetan

dina

Kartini

.

Sliramu

caos

pangalembana

marang

ibu

kang

ngagem

busana

kejawen

.

Sliramu aweh pangalembana marang Tim PBB SMP 2 Patuk kang kasil dadi Juara 1 tingkat kecamatan Patuk

Slide8

Nyuwun idin

Nuwun

sewu

,

Pak

guru,

k

ula

nyuwun

idin

badhe

dhateng

kolah

.

Nuwun sewu, Pak guru, kula nyuwun idin badhe ngeteraken Agus dhateng UKS awit piyambakipun sakit

Nuwun sewu Bu Guru, kula nyuwun idin badhe ngumumaken wara-wara kagem kanca-kanca ing kelas 8C

Nuwun sewu Bu, kula badhe sinau kelompok dhateng griyanipun Ratri, mangke wangsul kula jam 5 sonten

Nuwun sewu Pak, menawi dipunkeparengaken kula badhe nyuwun idin ngampil sepedha motoripun kangge tumbas obat wonten apotek

Slide9

gladhen

Bapak

ora

bisa

tindak

gotong royong,

mula

sliramu

didhawuhi

mamitake

marang

Pak

Rt.

Kepriye

aturmu

marang

Pak

Rt

?

Nalika

nyuwun

pamit

mangkat

sekolah

marang

bapak

lan

ibu

.

Gawea teks pacelathon kanthi tema ing ngisor iki :

Anak

lelungan

kudu

pamitan

karo

wong

tuwa

,

supaya

yen

ana

apa

to

apa

wong

tuwa

bisa

nglarah

lakune

anak

. Kaya

Ratri

arep

lunga

menyang

omahe

Rani

luwih

dhisik

matur

nyuwun

idin

marang

bapa

lan

ibune

.

Anggone

matur

nganggo

basa

krama

alus

.

Sadurunge

mangkat

uga

pamitan

lan

salaman

marang

bapa

lan

ibu

.

Slide10

Njaluk ngapura

Ukara

kanggo

njaluk

pangapura

upamane

:

Apuranen

aku

ya

dhik

!

Sing

gedhe

pangapuramu

ya

Mas!

Bu

kula

lepat

,

kula

nyuwun

pangapunten

!

Ingkang

ageng

ing

pangaksama

menawi

kathah

lepat

kula

, Pak!

Wonten lepatipun, kula nyuwun pangapunten

Ya aku sing kleru, sing gedhe pangapuramu

Nyuwun pangapunten bu, benjing malih boten kula pindho, kula kapok saestu

Slide11

njaluk

pangapura

ujung

ing

dina

riyaya

:

Kepareng

matur

dhumateng

bapak

saha

ibu

sekaliyan

,

ingkang

sepisan

kula

ngaturaken

Sugeng

Riyadi

dhumateng

panjenengan

sekaliyan

.

Ingkang

kaping

kalih

kula

ngaturaken

pangabekti

kula

dhumateng

bapak

saha

ibu

sekaliyan

,

Ingkang

kaping

tiga

kula

ngrumaosi

bilih

kathah

sikap

saha

patrap

ingkang

boten

ngremenaken

kepara

damel

sakit

manahipun

bapak

saha

ibu

,

pramila

wonten

ing

wekdal

ingkang

suci

punika

kula

nyuwun

lumunturing

sih

pangaksami

saking

bapak

saha

ibu

sekaliyan

.

Ing

saklajengipun

keparenga

kula

mugi-mugi

saged

kasembadan

menapa

ingkang

dados

ge

nyuwun

tambahing

donga

gayuhan

kula

.

Cekap

semanten

atur

kula

mbok

bilih

wonten

klentuning

atur

kula

nyuwun

pangapunten

.

Slide12

Gladhen

Gawea teks lisan njaluk pangapura

Nyuwun pangapura marang bapak ibu guru jalaran ora nggarap PR

Nyuwun pangapura marang bapak ibu guru amarga tekamu telat

Nyuwun pangapura marang bapak ibumu jalaran olehmu bali saka dolan nganti kesoren

Njaluk pangapura marang kancamu amarga kelalen ora nggawakake buku cathetan

Kelas

8 b

ulangan

Basa

Jawa

.

Bijinipun

Tika

kedahipun

85,

nanging

anggenipun

matur

klentu

65.

Kadospundi

aturipun

Tika

dhateng

Pak Guru

kangge

ngleresaken

bijinipun

?

Slide13

Tata

Krama

Mertamu

nyandhang

menganggo

kang

becik

kanggo

ngurmati

sing

kagungan

dalem

ndhodhok

lawang

/

uluk

salam

/

kula

nuwun

paling

akeh

kaping

telu

,

menawa

ara

ana

wangsulan

ditinggal

bali

Tamu

lanang

ora

kena

mlebu

omah

menawa

sing

ana

omah

mung

wong

wadon

.

aja

nginjen

menyang

jero

omah

ngrahapi

suguhan

kanthi

seneng

,

aja

nyacad

lan

aja

kaya

wong

ngelih

Mertamu

aja

wayahe

wong

mangan

utawa

ngaso

.

mertamu

ora

kena

ngluwihi

jam

sanga

wengi

Tamu

nginep

paling

suwe

telung

dina

lan

kudu

lapor

Rt.

Slide14

Tata Krama

Nampa

Tamu

nyandhang

menganggo

kang

becik

kanggo

ngurmati

tamune

nampa

tamu

kanthi

pasuryan

seneng

/

sumringah

nyuguh

tamu

samadya

wae

Nalika

tamu

bali

ngeterke

nganti

tekan

lawang

utawa

pager

omah

Slide15

Matur nuwun